Sabtu, 15 Desember 2012



BASA KRAMA
MINANGKA SRANA
KANGGE NGLESTAREAKEN BUDAYA JAWI

Sadaya pangembating negari
Prihatos  hamriksani pra putra
Yen  matur sakepenake
Mring wong tuwa lan guru
Dadi pangembating nagari
pandam pandoming warga
basa  kurang wanuh
lepat ing parama sastra
Wayang lan kethoprak ora disenengi
Merga mboten mangertos
Basa Jawi kalebet basa ibu, basa sepisan ingkang katampi lare-lare. Wonten ing Kamus Besar Bahasa Indonesia dipun jlentrehaken bahasa ibu inggih menika basa  sepisan ingkang dipun ginaaken manungsa   kagem sesrawungan kaliyan  tiyang sanes.
Minangka basa ibu, kedahipun basa Jawi saged ngrembaka ing  Indonesia, amargi piyantun Jawi gunggungipun paling kathah
Ananging kasunyatanipun kathah lare kitha ingkang mboten saged basa jawi. Matur migunaaken basa jawi  yen ta kawratan anggenipun matur, lajeng pados tembung-tembung bahasa Indonesia,  basa manca  kagem njangkepi wicantenan .  
Lho kok mekaten? Amargi ingkang asring kepireng bahasa Indonesia, basanipun lare lare enem, basanipun radio, basanipun televise. Langkung-langkung kathah tembang  campursari ingkangparama sastranipun sekedhik sanget ingkang leres.
 Awis.awis sanget lare-lare mireng basa jawi mliginipun basa karma saking srana sesrawungan media komunikasi. Yen ta wonten lare-lare ingkang saged matur mawi basa krama, mboten kantenan basanipun. Campuran ngoko, madya, karma inggil dados setunggal.
Tuladhanipun, “Mengko programe apa? Padhahal aku durung siap lo.” Kamangka saged kemawon  matur mekaten “ Mengko rencanane apa? Kamangka aku durung siap lo” Tembung program  lan tembung padhahal menika tembung basa Indonesia
“Bu bukune pun kula kumpulaken teng mejane jenengan. Napa empun ditingali?”  menika salah setunggaling tuladhanipun malihtembungipun kanca kula nalika matur dateng gurunipun. Saiba sengseming manah yen ta saged matur “ Bu, bukunipun sampun kula kempalaken kula salap dateng mejanipun panjenengan. Menapa sampun dipun pirsani?
Lare – lare sanget  tresna dateng tiyang sepuh . Tiyang sepuh minangka panutan tumrape lare-lare.  Mila menika  kados pemanggihipun Fachrozi, Irwan lan  Diem,. “Hubungan Antara Peranan Orangtua, Keterlaksanaan Bahan Bacaan di Perpustakaan Sekolah, dan Minat Baca Siswa SLTP Negeri di Kecamatan Banyuasin III Kabupaten Banyuasin.” Lingua, 6(2): 147.2005 mratelaaken  mboten selak malih yen ta menapa ingkang katindaaken  rama ibu ing dalem ugi  dipun tuladhani kalian keng putra. Menawi tiyang sepuh tlatos basa krama kaliyan putranipun, kang putra badhe prigel matur mawi basa krama. Menawi ing ndalem ngulinaaken basa Indonesia, keng putra inggih badhe prigel basa Indonesia. Menapa kemawon ingkang katindaaken tiyang sepuh badhe dipun tuladhani kalian putranipun.  
Wonten ing pemanggih  behavioristik , Tolla wonten ing seratanipun   Indrawati lan  Oktarina Pemerolehan Bahasa Anak TK: Sebuah Kajian Fungsi Bahasa.” Lingua, 7 (1): 21. 2005 mratelaaken bilih kaprigelan basa ibu pikantuk pangaribawa  saking njawi, saking lingkungan. Amargi lare menika minangka manungsa  ingkang tansah srawung kalian tiyang sanes. Srawung kalian kanca, ingkang mbok bilih basanipun maneka warna. Ananging kanca ingkang paling raket lan paling asring pinanggih inggih menika tiyang sepuh.
Mawi basa karma ingkang dipun ginaaken, kita saged maos kados pundi bebudenipun. Menapa piyantunipun bgrangasan, kereng, menapa piyantun menika mangertas ing tata krami. Mawi basa karma  kita saget anggraita saking tlatah pundi  piyantun menika. Nadyanta sami-sami piyantun jawi lan ngagem basa krama ketawis sanget bentenipun. Basanipun piyantun Tulungagung benten sanget kalaian piyantun Malang.
Guru minangka tiyang sepuhipun siswa ing pawiyatan. Solah bawanipun guru dipun tuladhani lare-lare. Ngendikanipun guru dipun gugu para siswa.  Guru,  mliginipun guru basa Jawi  ing pawiyatan kersaa  NGALAH, ngedikan kalian para siswa mawi basa krama. Mucal mawi basa krama
Ngalah ateges nyalahi uanggah ungguh. . Nandyanta kirang leres ing unggah ungguhing basa amargi piyantun sepuh basa krama kaliyan putranipun, ananing mboten wonten lepatipun yen ta  kagem mucal,  paring pakulinan. Wonten DO SPEAK ENGLISH ananging wonten menapa kita, mliginipun para dwija mboten kersa ngecaaken DO SPEAK BASA KRAMA wonten?  Wajib migunaaken basa krama wonten kelas? Wajib mawi seratan aksara jawi nalika nyerat nami ing buku utawi nalika ulangan? Wajib nyerat aksara jawi nalika nyerat angka? Nyerat tanggal?
Basa menika pakulinan. Menawi lare-lare kulina mirengaken gurunipun mucal migunaaken basa krama, para siswa mesti saged nuladhani, amargi guru sampun paring tuladha, basa krama asring kapireng, lajeng kulina.
Mangga kita ggraita badan kita piyambak-piyambak. Saking pundi kula saha panjenengan sami saged basa krama? Menapa kathah ingkang saking pawiyatan? Para piyantun sepuh ingkang tlatos mucal keng putra basa krama rak mboten mawi kurikulum ta? Mboten mawi tulisan? Mboten mawi paramasastra?  Mboten mawi buku? Mboten mawi kamus? Ananging putranipun saged basa krama kalian tiyang sepuhipun?
Menawi lare-lare saged basa krama, tiyang sepuhipun mesti mongkog ing penggalih. Menawi lare-lare wasis basa krama, para priyantun ingkang dipun ajak rembagan mesti lingsem yen ta basa kramanipun  kirang leres ing paramasastra. Menawi lare-lare saged basa krama ketoprak bade dipun mangertosi, basanipun wayang badhe dipun sumurupi. Yen mangertos basanipun sekedhik mbka sekedhik saged kelampahan lajeng tuwuh  raos tresna mring budaya Jawi.
mangga pra mitra sedaya
sami sami ngupadi basa Jawi
basa karma kangsatuhu
kasembadan tan rina
anuladha wong tuwa lan pra guru
wasis matur  basa krama
lestari budaya jawi
yu Sarinten marut klapa,  cekap semanten atur kawula
iwak sepa nyemplung segara, menawi lepat nyuwun ngapura
ireng-ireng gandane arum, nuwun pareang Wassalaamu’alaikum